View Single Post
Old 19th March 2008, 15:18
#7  
LaSKar_BaWor
Mania Member
MaleLaSKar_BaWor is offline

LaSKar_BaWor's Avatar

Join Date: Nov 2007
Location: Tetangga Depan Bung Karno
Posts: 2,237
LaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super LegendLaSKar_BaWor Super Legend

Default

Quote:
Originally Posted by celingak-celinguk View Post
kiyeh tek wei hasil penelitian selama 100 tahun tentang ciri-ciri wong mbanyumas.....nek are ditambahi ya ngonoh...nek repost ya mohon mangap sebesar-besarnya.....

ena nggo selingan nggone padha ndopok gyeh ndeyan .
......

1. Rokoke 'Klembak Menjan'.
2. Sore-sore bojone gipyak nyiapna kopi, boled goreng karo limpung.
3. Angger esuk-esuk weruh tanggane liwat nggawa pacul, tetep takon, "Rika arep maring sawah apa?".
4. Biyunge bali sekang pasar nggawa olih-olih cenil karo grontol.
5. Nek bali ngode maring nJakarta sing digawa gethuk goreng, lanthing karo kripik.
6. Angger mudik sekang Jakarta sing digoleti sepisanan sroto Sokaraja, tempe bungkel karo buntil.
7. Ramane kongkon tuku gethuk goreng ASLI nang Sokaraja, bingung, sebab kabeh kios nganggo jeneng ASLI.
8. Esuk-esuk mruput tangi turu, sing digramaki tuning radio nggoleti siarane pak Singa.
9. Angger mbukak internet, sing digoleti alamat kiye,
http://www.serayune t.com <http://www.serayune t.com/>
10. Angger mbukak e-mail, mailbox-e isine kebek mendoan karo sroto.
11. Angger ngerti kancane nglomboni, terus njawab, "Alaaa...mitro...mitro. ..".
12. Nek dolan maring ndesa, suguhane badheg karo cimplung.
13. Plesirane maring Baturaden karo Guwa Lawa, sangune lonthong, kering tempe, sambel pecel.
14. Kroya jere 'Korea', Sokaraja jerene 'King Soka' terus angger Purbalingga jere 'Braling City'.
15. Angger ana bakul dawet, mbuh sing dodol wong lanang wis kaki-kaki, tulisane tetep 'Dawet Ayu'.
16. Pahlawan kebanggaane Jendral Sudirman karo Gatot Subroto.
17. Lawakane Peyang-Penjol.
18. Mbuh wis ngerti marekna mendem, tetep kepengin njajal mangan bongkrek.
19. Angger diaruh-aruih, terus njawab, "Wong ingin . . Anda marah ..".
20. Cilikane dolanan gobak sodor, jonjang umpet, benthik.(fyi : benthik neng nang nggonku Tanggeran Somagede jenenge Cuthat utawa cak kadal)
21. Plester umahe kotor corat-coret bekas nggo dolanan dam-daman karo sunda manda.
22. Sore-sore repek.
23. Angger mangsan tebu pada ngrempon.
24. Nek bathuke kejedod lawang, Ninine ngolesi lenga klentik pas nang nggon sing menonong.
25. Angger listrike mati jere 'listrike anjlog'.
26. Ana daerah jenenge Buntu tapi jebulane prapatan.
27. Tanggal nom becere maring SE utawa MORO.
28. Angger bada, untune pada lara kakehen mangan kacang mbawang.
29. Bahasane disebut 'bahasa ngapak-ngapak' .
30. Nek weruh Parto lagi nglawak nang tivi, terus nylethuk, "Kae tuli wong Bocari hoh ...".
31. Angger anake mbejud ora gelem diprentah, biyunge kesuh terus nggrundel, "Oooo...... Bocah paok pancen ....". (paok sih apa yah ?)
32. Saben esuk biyunge kongkon anake wadon tuku mendoan nggo lawuh sarapan, sing tuku wis antri thirik-thirik akeh pisan.
33. Kaca mobil ngarep tulisane "Banyumas Racing Team".
34. Bemper mobil mburi tulisane "SATRIA".
35. Numpak mobil keliling kota mung arep nggoleti .. ....... dage.

Angger sampeyan krasa cocog karo salah siji sing
nang nduwur kuwe, bisa
dicurigai nek sampeyan wong Banyumas utawa turunane
he...he...he. ..

Angger ana sing kurang ya tambaih dewek ngono lah ..
... embuh ....

Angger ora nana sing cocog babar blas inyong ora
tanggung njawab pokoke
ko ............ . (arogan temen deneng ya ...)

BAGI CENDOLE DONG AHH........
wis suwe ora krungu.....adoh kang umah kyeh....

*deleng disit lemarine

Reply With Quote